Wejangan Semar Terbaik

Posted by Unknown 0 komentar


Mungkin sebagian dari kita sudah tidak asing jika mendengar nama semar, semar adalah tokoh pewayangan jawa yang akrab kita sebut dengan nama punakawan. Dalam cerita pewayangan semar sering dikisahkan sebagai abdi dari pandawa. Seiring masuknya islam ke tanah jawa akhirnya kisah-kisah pewayangan mulai diselipkan beberapa kata-kata mutiara sebagai wejangan atau bisa juga sebagai media dakwah.


Beberapa wejangan mungkin berbeda dari satu tempat ke tempat lain, tergantung dari dalang itu sendiri dan tergantung dari tema dan kejadian apa yang mungkin sedang ramai diperbincangkan oleh masyarakat sekitar.
Dimasa sekarang ini pementasan wayang mungkin sudah menjadi pemandangan yang sangat langka, bisa dikatakan peminat wayang di masa sekarang ini hanya minoritas saja.
Beberapa wejangan semar yang sudah saya rangkum adalah sebagai berikut :

  • mbergegeg, ugeg-ugeg, hmel-hmel, sak dulito langgeng
(diam, bergerak, berusaha, makan, walaupun sedikit tetapi abadi)
arti diatas mempunyai arti dari pada kita hanya diam dan berpangku tangan lebih baik berusaha dengan kemampuan kita untuk mencari makan walaupun hasil yang didapat sedikit tetapi akan terasa abadi)
Orang yang mempunyai hasil sendiri akan merasa lebih puas dalam menikmati hasilnya dari pada orang yang hanya berpangku tangan dan mengandalkan orang lain.



  • wong cilik ora sugeh bondo namung sugeh rasa.
Orang kecil tidak kaya harta tetapi kaya rasa, terkadang sering kita jumpai disaat kita merasa terhimpit oleh kehidupan dan bukannya orang kaya yang menolong kita tetapi malah orang yang sama-sama miskin yang menolong kita, itu karena orang miskin kaya dengan perasaan, perasaan welas asih marang sak tumrape manungso, mungkin arti dari wejangan diatas seperti itu. Arti dari wejangan itu bisa berubah tergantung bagaimana kita memaknainya.
  • ojo kagetan, ojo gumunan, ojo dumeh 
Makna diatas mengandung arti yang sangat luas. Bagi orang jawa mungkin akan lebih cepat untuk memaknainya.
  • Kabeh sing ana asale ora ana, Dina, banda, Manungso.
  • Wis jamane poyokan dadi pinginan lan pinginan dadi poyokan. Donya mubeng tanpa mandeg. Sing mumbul akeh sing kedusur uga sewalike.
  • Ambane ati sing tanpo wates malah diwatesi. Sabar sing tanpa wates ugo malah diwatesi. Nepsu sing sak temene ora sepiro malah ora diwatesi
  • Pikiran uga biso mentah utawa mateng. Yen mentah biasane golek seneng arahe pikir metu. Yen wis mateng golek ayem arahe pikiran mlebu.
  • Rekasa nanging legawa luwih kepenak tinimbang seng jare mulya nanging isih nggersulo.
  • yen aku tanpa jeneng, Tanpa karya, Tanpa keluwarga, Tanpa bala, lan tanpa banda. Kulo niki sinten?
  • Sak temene wong sing mulya ora kudu rekasa, Nanging uwong sing bisa nampa apa-apa tanpa nggersula. ora nggersula tegese mulya.
  • Gusti ora ngabulke jodoh sing mbok pinginke. nanging gusti bakal ngirim sing kok butuhke, sing biso mangerteni lan nerimo uripmu.
  • Donga lan pangestune wong tuwa kadang luwih utama tinimbang dongane dewe. Yen uwong tuwo wis paring pangestu mugo kabeh dadi gampang.
  • Uwong sing kakehan nyawang mburine. Nggetuni lan nggelani mbiyene. Biasane ora weruh yen ngarepe akeh sing luwih nyenengake.
  • Akeh uwong sing kepingin suargane nanging wegah ngliwati dalane. Saben dino direjekeni ora gelem nyukuri, wedi neraka senengane gawe dosa.
  • Kadhang kala pitulungane Sing Kuwasa iku teka dadi rasa ora kepenake sing nampa. Contone wong sing diwenei lara banget supaya adoh dosa.
  • Arep mikir langit terus wong nyatane urip neng ndonya. arep mikir donya terus wong nyatane arep lunga.
  • Yen gelo mung diampet ning njero dodo. Yen seneng cukup nganggo mesem.
  • Aja ngelek-elek sing apik, yen ana sing elek yo diapikke nanging aja banget-banget sing ngapik-apik yen pancen ora apik.
  • Aja mung bisa kongkon yen wayahe nindake dewe ora gelem. Kabeh sing apik iku kudu dinyatake kanti lakune, ora mung digedekke omongane.
  • Yen banda gawe lena, yen kuwasa gawe murka. Yen tresna gawe lara. Apa iseh wangun yen dioyak tanpa leren yen nyatane ora gawe tentrem urip.
  • Selehna tutukmu ana ing mburi akalmu. Ora akalmu ana ing mburi tutukmu. Amargi tutuk sing ora dijaga akeh bab sing kudune becik dadine ala.
  • Ngeningke cipta, saktemene urip iki kudu apa, kudu ngapa, Ora mung nyenengke ati banjur mati. Ana sing luwih aji saka kuwi.
  • Ora kabeh sing digoleki adoh panggonane, bisa uga sing digoleki mung ana ing ngisor janggutmu dewe.


  • Uwong sing rumangsa cukup anggone ngerti, bakal kelangan greget kanggo sinau lan dadi maju.
  • Duwe tangan aja digenggem, aja medhit cethil metitil. Sing entengan seneng tetulung yen pengen ditulung.
  • Aja mung bisane nyalahke yen ora bisa weneh conto sing apik kanggo wong liya.
  • wis nduwe gamane nanging ora tau diempakke. wis nyekel kuncine nanging ora gelem nyekrekne. Padha kaya uwong ngerti ora nglakoni.
  • Aja nyawang pucukan yen mung kepingin nanging ora bisa ngunggahi. Sawangen sing kira-kira bisa digayuh. yen dayamu cukup aja wedi munggah.
  • omongan iku bisa dadi donga. tulisan uga bisa dadi donga. bisa sak wayah-wayah kedadenan apik utawa ala. Mula ngati-ngati yen kocap lan negeske rasa.
  • Mulya rekasa urip kudu tetep dilakoni, bab rasa sing dirasakke, penak orane gumantung sing nampa. soyo amba atine soyo penak uripe.
  • Ngati-ati bakal teka mangsane uwong ora ngerti agama mulang bab agama, Wong tumindake ala gemedhe bab agama.
  • Urip kudu mili, ora ngetutke iline banyu. nanging bisa mili kaya banyu. ora kakehan karep. Kaya banyu karepe mung siji, Bali segara.
  • Manungsa iku pada waktu lahir nanging beda waktu mati.
  • Salah siji tandane wong sing ora iman iku yen dielingke marang kabecikan atine krasa mangkel.
  • Beja iku biasane kanggo uwong-uwong sing bisa rumangsa, Pinter rumangsa. Dudu uwong-uwong sing rumangsa bisa, rumangsa pinter.
  • Aja ala sangka yen durung ngerti sing sak temene kaya ngapa, Apa maneh mung krungu jare wong liya.
  • Apa iya yen awake dewe wis rumangsa bener banjur nyalah-nyalahke wong liya? sing ora pada awake dewe kabeh keliru?
  • Urip iku pancen lelakon, ya ngguyu ya digeguyu, ya surak yo disuraki, ya ngeplok ya dikeploki. Mula aja padha kemaki.
  • Yen angkuhe ati soyo ndadi Gusti bisa sak wayah-wayah meksa manungsa supaya ngrumangsani yen dheweke sak temene ora duwe daya apa-apa.
  • Jenenge wae urip. gusti sing peparing. Awake dewe sing nglakoni, wong liya sing ngomentari.
  • Seneng wadhul alane dulur nuduhake yen awakmu ora luwih apik saka sing diwaduli.
  • Wong bodho kocap sakdurunge mikir, Wong pinter mikir sak durunge kocap.
  • Kanca sing apik iku ora seneng yen kancane susah lan ora susah yen kancane seneng.
  • Aja nyebut kurang yen mung atimu sing kurang padhang.
  • Uwong sing wis ndue niat apik, wis usaha dadi apik wae kadangkala isih angel dadi apik. apa meneh uwong sing mung waton mlakune.
  • pilih endi, urip waton, opo waton urip?
  • saktemene kui mangan kanggo urip, opo urip kanggo mangan?
  • Yen mung rupa sing gawe atimu tresna, banjur kepiye anggonmu tresna marang gusti sing tanpa rupa?
  • Nrima ing pandum
  • Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing cobaan padhadaraning urip.
  • Ambeg utama, andap asor.
  • Ala lan becik iku gegandengan.
  • Adigang adigung adiguna.
  • Jumbuh unine bebasan, sadar iku kuncining suwarga, ateges marganing kamulyan.
  • memayu hayuning pribadi, memayu hayuning kulawarga, memayu hayuning sesama, memayu hayuning bawana.
  • Ajining diri dumunung saka lathi, ajining raga ana saka busana.
  • anak polah bapak kepradah.
  • becik ketitik ala ketara.
  • Beda-beda pandumaning dumadi.
  • Cakra manggilingan.
  • Crah agawe bubrah.
  • Dhuwur wekasane endek wiwitane.
  • dumadining ira iku lantaran anane bapa biyung ira.
  • Gusti iku dumunung ana atining manungsa kang becik. mula iku diarani Gusti iku bagusing ati.
  • Ira yudha wicaksana.
  • jaman iku owah gingsir.
  • ketemu Gusti iku lamun sira tansah eling.
  • lamun sira durung wikan alamira pribadi, mara takonana marang wong kang wis wikan.
  • Ora ana kesakten sing madhani pepesthen, awit pepesten iku wis ora ana sing bisa murungake.
  • Pangeran iku adoh tanpa wangenan, cedak tanpa senggolan.
  • Sing sapa durung ngerti lamun piyandel iku kanggo pathokaning urip, iku sejatine durung ngerti  lamun ana ing ndonya iki ana sing ngatur.
  • yen wedi aja wani-wani, yen wani aja wedi-wedi
    (jadi orang harus tegas, jangan ragu-ragu)


Keranjang Tembakau Temanggung Harga Paling Murah

Artikel Terkait
TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN SAUDARA
Judul: Wejangan Semar Terbaik
Ditulis oleh Unknown
Tolong di share ke teman-teman ya,, artikel rating 5 dari 5.
Semoga artikel ini bermanfaat bagi saudara. Jika ingin mengutip, baik itu sebagian atau keseluruhan dari isi artikel ini harap menyertakan link dofollow ke http://tani-temanggung.blogspot.com/2016/08/wejangan-semar-terbaik.html. Terima kasih sudah singgah dan membaca artikel ini.

0 komentar:

Post a Comment

Template by Cara Membuat Email | Copyright of DINAMIKA HIDUP.